IMBisnis
 

  

 

 

 

PUTUSAN KONGRES BASA JAWI V TAUN 2011


Tema

Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan

Kangge Mujudaken Watak saha Pakarti Bangsa



Subtema

  1. Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan Kangge Mujudaken Watak saha Pakarti Bangsa
  2. Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan Kangge Mujudaken Watak saha Pakarti Bangsa
  3. Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan Kangge Mujudaken ing Bebrayan Masyarakat
  4. Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan Kangge Bebrayan tumraping Bangsa
  5. Basa saha Sastra Jawi minangka Sumber Kawicaksanan Kangge Bebrayan tumraping Negari
  6.  

A. KAWICAKSANAN

  1. Yasa Peraturan Daerah (Perda) ngengingi tuwuh ngrembakaning basa, sastra, saha budaya Jawi dipuncawisaken dening Dewan Basa Jawi.
  2. Ambabar Peraturan Gubernur (Pergub) ngengingi pandhapuking Rencana Strategis (Renstra) bab ngrembakaning saha nguri-uri basa, sastra, saha budaya Jawi.
  3. Pandhapuking Rencana Strategis (Renstra) ngengingi pangleluri tuwin pangrembakaning basa, sastra, saha budaya Jawi.
  4. Mangun adeging Dewan Basa Jawi ing tataran provinsi, kabupaten, saha kota dening pemerintah daerah
  5.  

B. ANCANGAN TITILAKSANA
 

  1. Lumantar bebadan formal: pendidikan usia dini (PAUD saha TK), pendidikan dasar (SD/MI/SDLB saha SMP/MTs/SMPLB), saha pendidikan menengah (SMA/MA /SMALB saha SMK ).
  2. Lumantar bebadan nonformal: sanggar, paguyuban, padhepokan, lembaga pendidikan agami, keraton, tuwin kanthong-kanthong budaya.
  3. Lumantar pamulangan salebeting kluwarga.
  4.  

C. ANCANGAN PROGRAM

1. Pamarsudi:

  • Migunakaken basa Jawi ing tataran PAUD, TK, saha kelas andhap Sekolah Dasar.
  • Nuwuh nggrengsengaken maos saha nyerat mawi basa Jawi saha aksara Jawi.
  • Ngipuk-ipuk raos tresna dhumateng basa Jawi lumantar seratan papan nami, iklan, saha media wucalan.
  • Instansi pemerintah wajib ngginakaken basa Jawi paling boten setunggal dinten nalika makarya ing setunggal minggunipun.
  • Ngindhakaken bobot saha cacahing panaliten tuwin pendokumentasian tradhisi Jawi (wujud lisan, saperanganing lisan, tuwin sanesipun lisan).
  • Asung bebingah dhumateng pamangku, panguri-uri, pangrembaka, saha panggilut basa saha sastra Jawi awit labuh labetippun tumrap basa saha sastra jawi.
  • Ngindhakaken kawasisan, kagunan,saha pangawikan magepokan kaliyan pamulanganipun guru-guru basa Jawih.
  • Anglebetaken Panggilut, Pamangku, saha Paran para basa saha sastra Jawi wonten ing sekolahan.
  •  

2. Pangrembaka

  • Ngudi larasing kurikulum pamulangan basa Jawi sinartan ubarampening piwucalan basa Jawi ing tataran pendidikan usia dini (PAUD saha TK), pendidikan dasar (SD/MI/SDLB saha SMP/MTs/SMPLB), saha pendidikan menengah (SMA/MA /SMALB saha SMK ).
  • Yasa buku basa Jawi bausastra, dasanama, paramasastra, saha waosan laras kaliyan titaran pendhidhikanipun.
  • Alihaksara saha sulih basa naskah-naskah Jawi klasik.
  • Sulih basa saha nransformasi wohing kasusastran manca, Indonesia, saha Nusantara dhumateng basa Jawi.
  • Nerbitaken buku saha majalah ngangge basa saha aksara Jawi kangge generasi muda Jawi.
  • Andhudah kagunan adi luhung saha kawicaksana jawi kangge amangun luhuring bangsa tuwin kuncaraning nagri.

D. REKOMENDASI

  • Yasa Dewan Basa Jawi dipuntindakaken dening gubernur ing tingkat provinsi, bupati ing tingkat kabupaten, saha walikota ing tingkat kota sadangu-dangunipun kalih taun sasampunipun Kongres Basa Jawi (KBJ) V
  • Pandhapuking naskah akademik Rancangan Peraturan Daerah (Raperda) dipuncawisaken dening Dewan Basa Jawi provinsi, kabupaten, saha kota.
  • Kongres Basa Jawi VI dipungelar wonten ing Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta sadangu-dangunipun ing taun 2016.
  • Mbiwarakaken gumiyaring putusan Kongres Basa Jawi V katindakaken dening Pemerintah Provinsi Jawi Timur, Jawi Tengah, saha Daerah Istimewa Yogyakarta ing taun 2012.


Surabaya, 30 November 2011


Paran para paninting putusan KBJ V

Prof. Dr. Djoko Saryono, M.Pd.
Drs. Amir Mahmud, M.Pd.
Prof. Dr. Setya Yuwana Sudikan, M.A.
Prof. Dr. Ayu Sutarto, M.A.
Prof. Dr. Marsono, S.U.
Prof. Dr. Rustono, M.Hum.
Prof. Dr. Sumarlam, M.Hum.
Prof. Dr. Suminto A. Sayuti, M.Pd.
Dr. Suwardi Endraswara, M.Hum.
Drs Sutadi
Drs. Sugeng Adipitoyo, M.Si.
Drs. Bonari Nabonenar
Rohmat Djoko Prakosa, M.Sn.

WARTA SAKEPLASAN

JEMPARING RESMI NDUWE ISSN

JEMPARING RESMI NDUWE ISSN
Nomor ID : 1331622824 Tanggal permohonan : Selasa, 13 Maret 2012 Nama terbitan : Kalawarti Pendhidhikan JEMPARING Sinopsis : Majalah Pendidikan berbahasa Jawa untuk kalangan pendidikan ( guru, siswa, masyarakat yang peduli pada pendidikan bahasa Jawa) sebagai sarana memelihara bahasa...
>>

SAKING REDAKSI

SAKING REDAKSI
Majalah Jemparing no. 05 (edisi KBJ5) wis mudhun cetak. Sing rencanane kanggo isi tase peserta KBJ uga wis ditata siyaga dikirim menyang Surabaya. Saiki wiwit tata-tata kanggo edisi 06. Mula marang warga Triwida (lan simpatisane) mangga enggal kirim naskah apa bae waton cocog karo misi lan visine...
>>

SAKING REDAKSI

SAKING REDAKSI
Redaksi Kalawarta Pendhidhikan Basa Jawa "JEMPARING" nampa naskah, artikel, crita rakyat, crita cekak, crita remaja, wacan bocah, lan artikel pendhidhikan liyane. Kang baku naskah kudu nduweni kandhutan pendhidhikan. Naskah kakirim ing program MS Word menyang email : jemparingkalawarta@gmail.com...
>>

KALAWARTI JEMPARING BAKAL KAWAOS PESERTA KBJ V

Kalawarti "Jemparing" produke Triwida antuk pakurmatan. Rencanane edisi 05 sing terbit tengahan November iki katut dadi isen-isen tase peserta KBJ-V momor karo sedulure tuwa : Panjebar Semangat lan Jaya Baya
>>

Search site

KALAWARTA JEMPARING © 2011 All rights reserved.